PIYE CARANE NGELMU ISO MANJING NANG AWAK

Bookmark and Share
Asalamualaikum wr wb. Selamat dino riyoyo dulur. Mohon maaf lair batin. Mumpung suasanane mendukung soale sik bulan Syawal. Kepekso tak tulis ide tulisan iki nganggo basa jawa (jawa timuran dulur) gawe nguri-uri basa jawa. Tapi nuwun sewu nek pancen elek sebab pancen duduk pakar boso Jowo. Tapi ingsun yakin masio duduk pakar, gak masalah sing penting maknane iso dipangerteni.

Opo sing tak tulis iki yoiku soal piye carane awake dhewe oleh Daya Kasekten. Akeh dulur-dulur sing durung weruh soal iki. Akeh-akehe wong-wong sing wis ngamalno dzikir/wirid nanging dianggep durung manjing lan durung mlebu nang awake. Email-email pitakonan soko sedulur KWA akeh sing tak tompo takon bab iki. Nah, ingsung arep njelasno setitik mugo-mogo onok manfaate.

Prinsipe ngene. Amalan dzikir/wirid iku gak onok sing elek. Apik kabeh. Gak mek wocoan wirid’e tok, Jelas nek dingerteni maknane mesti tambah apik. Tapi nek gak weruh maknane, gak masalah. Sing penting niate apik. Yakin ae nek sakjane kabeh amalan/ngelmu sing onok nang donya iki apik. Sing elek iku wong nek sing ngamalno ngelmu tapi digawe tujuan elek.

Onok pitutur Jowo ngene. Ngelmu iku kalakone kanthi Laku. Tegese ngelmu iku iso manjing nang awak nek diamalno nang kelakuan bendino. Artine awake dhewe kudu yakin sak yakin-yakine, keyakinan satus persen, nek iso sewu persen nek opo sing diwirid iku duwe daya kekuatan alias karomah. Mari ngono awake dhewe kudu tetep ngamalno bendino (basa arab’e istiqomah) atine tetep sabar lego ilo ikhlas opo ae sing kedadean sek suwene ngamalno ngelmu.

Biasane wong dadi males ngamalno maneh wocoan wirid dzikir nek opo sing diniatno lan dikarepno gak kedaden. Ngene iki jenenge mutung lan gak oleh dilakoni wong sing kepengen oleh karomah. Padahal nek gak kedaden iku jenenge cobane wong duwe ngelmu. Ngene iki berarti karepe awake dhewe durung selaras karo karepe Gusti Allah SWT. Pitakone saiki: Yek opo carane ben karepe awake dhewe selaras karo karepe Gusti?

Dulur-dulur KWA sing wicaksono…

Gusti Allah iku duduk pelayan toko. Awake dhewe njaluk, langsung dilungi barang nek syarate dicukupi yoiku nggowo duwit. Gusti Allah gak koyok ngene iki. Gusti Allah iku Tuhan Semesta Alam. Menungso koyo awake dhewe iki gak oleh merintah Gusti Allah. Opo tumon Gusti Allah gelem diperintah menungso? Opo ngene iki jenenge sopan? Nek awake dhewe iku berdoa iku kan artine awake dhewe njaluk sesuatu, nah nek njaluk jelas ono tata krama/etikane. Makane awake dhewe iki kudu duwe kaca pangilon. Ngilo opo kelakuane awake dhewe iki wis apik sesuai sing dikarepno Gusti Allah.

Sedino awake dhewe mangan ping telu. Deloken opo sing dipangan awake dhewe iki halal opo haram. Nek sing dipangan iku halal, teltien maneh soko endi duwit sing digawe tuku panganan iku mau duwit halal. Goleke nganggo kringete kerjo sing bener. Duduk duwit riba utowo duwit anakan. Olehe yo duduk teko judi togel lan sak teruse.

Nek sing dipangan iku panganan sing halal, sumbere yo halal gak ono unsur penipuan, teko sumber sing jelas, berarti panganan iku mau resik. Oleh dipangan. Tapi walikane, nek panganan iku soko sumber sing elek berarti panganan iku termasuk haram. Ngene iki jenenge pemahaman hakekat jarene kaum sufi.

Terus kelakuan kudu ditoto sing migunani marang liyane, menungso sak podo-podo. Sodakoho sing akeh tapi sing ikhlas. Sodakoh iku wujude akeh. Sodakoh pikiran, sodakoh tenogo, sodakoh duwit, lan liya-liyane.

Sing paling utama prinsipe keyakinan wong muslim yoiku rukun iman. Iki syarat wajib sing kudu diyakini. Iman artine keyakinan nang njero ati, diomongno nang cangkem, diamalno nang lekakuan bendino, nambahi ketaatan soko perintahe Gusti Allah karo ngadohi maksiyat. Iman iku iso mudun iso munggah. Rukun iman sing kaping siji yoiku iman nek Allah iku gustine menungso, ora ono sembahan liyo kejobo Allah, jeneng lan sifate Allah kudu diyakini bener. Kaping loro, iman anane malaikat sing kewajibane nggowo perintahe Gusti Allah kanggo menungso. Nomor telu, iman nek kitab-kitab e Allah iku sejatine sabdane Gusti Allah, duduk gaweane (makhluke) Gusti Allah. Kaum muslim kudu wajib yakin nek Al-Qur`an iku kitab terakhir sing nyempurnakno kitab-kitab sing mudun sakdurunge.

Nomor papat, iman marang para rosul. Gusti Allah ngongkon poro rosul iku kanggo petunjuke menungso ben uripe gak keblinger lan sesat. Nomor limo, iman marang dino piwalesan. Sak rampunge urip nang alam dunyo iki, menungso mlebu alam barzakh lan arwahe menungso nunggu dino kiamat. Iman nomor enem, menungso kudu yakin Qada lan Qadar, yoiku takdir apik opo elek iku sejatine sumbere tetep soko Gusti Allah taala.

Nek rukun iman iku wis dilakoni, rukun islam ojo lali lakonono kanthi temenenan. Iku sejatine menungsu iku wis duwe modal paling gede nggayuh urip sing jejeg lurus karo iradate Gusti Allah. Sopo wonge isok nglakoni rukun iman lan rukun Islam, insya Allah wonge oleh kebahagiaan sing sejati, lair batin dunya akhirat. Opo sing dikarepno sesuai dengan opo sing dikarepno Gusti Allah. Kun Fayakun, mugo-mugo sedulur kabeh iso nglakoni iki. Amin ya robbal alamin. Alfatihah tak kirim kanggo sedulur sing moco tulisan iki. Nuwun. Rahayu kang sami pinanggih. Wasaalamualaikum wr wb.

@KWA,2014

{ 0 komentar... Views All / Send Comment! }

Posting Komentar